Kamis, 17 Desember 2015

Makalah "Tradisi Nyadran atau Bersih Desa"



TRADISI NYADRAN ATAU BERSIH DESA YANG MASIH DILAKSANAKAN DI DHUSUN GILIS

Disusun untuk memenuhi tugas
Mata kuliah Budaya Jawa
Dosen pengampu : Didik Supriyadi



Oleh
Indah Pratiwi Puspitasari
2601414064
Rombel 3


PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA
FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG
2015
A.    JUDUL
Tradisi nyadran atau bersih desa yang masih dilaksanakan di dhusun Gilis.

B.     PENDAHULUAN
Bersih desa merupakan tradisi turun temurun dalam kebudayaan masyarakat . Di Jawa khususnya, ritual bersih desa telah dilakukan berabad-abad lamanya. Ritual bersih desa di jawa merupakan wujud bersatunya manusia dengan alam. Ritual Bersih Desa dapat didefinisikan sebagai wujud rasa syukur warga sebuah desa atas berkat yang diberikan Tuhan kepada masyarakat desa, baik dari hasil panen, kesehatan, dan kesejahteraan yang telah diperoleh selama setahun dan juga sebagai permohonan kepada Yang Maha Kuasa akan keselamatan dan kesejahteraan warga desa untuk satu tahun mendatang.

C.    PELAKSANAAN
Ritual Bersih Desa sendiri biasanya dilaksanakan satu kali dalam setahun setelah musim panen tiba dan tradisi ini telah dilakukan secara turun-temurun dari zaman nenek moyang. Adapun pelaksanaannya antara lain sebagai berikut :
a)      Waktu
Menurut tradisi dhusun Gilis, upacara dilaksanakan pada hari jum’at legi.
b)      Tempat
Adapun tempat yang digunakan untuk melaksanakan ritual Bersih Desa tersebut yaitu di Punden Sentana dhusun Gilis.
c)      Kepanitiaan
Masyarakat dhusun Gilis setempat.

D.    TATA CARA
a)      Ritual Bersih Desa sendiri terdiri dari beberapa tahapan, diawali dengan kerja bakti membersihkan lingkungan yang dilakukan oleh seluruh warga dhusun Gilis baik membenahi jalan atau gang-gang, selokan, pos ronda agar terlihat rapi dan bersih. Selain itu biasanya warga juga membersihkan makan-makam yang dianggap keramat, terutama makam-makam leluhur, sosok atau tokoh yang pernah menjadi panutan masyarakat setempat. Tujuan lain adalah untuk membersihkan halangan atau kesusahan yang ada (resik sukerta/sesuker) agar kehidupan seluruh warga tenang dan tenteram.
b)      Kegiatan ini kemudian dilanjutkan dengan persiapan upacara adat yang dilaksanakan untuk wujud syukur dan permohonnan kepada Tuhan YME atas kesejahteraan dan kesehatan yang diberikan kepada warga dhusun Gilis.
c)      Kegiatan ini biasanya disertai dengan kirab yaitu iring-iringan yang menyertai perjalanan upacara adat menuju tempat yang dianggap keramat dan dibawa pula sesaji yang berasal dari hasil panen warga dhusun Gilis yang dipersembahkan kepada leluhur sebagai symbol kesejahteraan yang mereka peroleh selama setahun.
d)     Adapun sesaji yang menjadi bagian dari kegiatan upacara adat ini akan dibagikan atau diperebutkan oleh warga dhusun Gilis yang percaya bahwa sesaji tersebut bisa mendatangkan berkah. Umumnya sesaji yang dipergunakan seperti Nasi Gurih, sebagai persembahan kepada para leluhur. Ingkung, sebagai lambang manusia ketika masih bayi dan sebagai lambang kepasrahan pada Yang Maha Agung. Jajan Pasar, sebagai lambang agar masyarakat mendapat berkah. Pisang Raja, sebagai lambang harapan agar mendapat kemuliaan dalam masa kehidupan. Nasi Ambengan, sebagai ungkapan syukur atas rezeki dari Yang Maha Agung. Jenang, berupa jenang merah putih (lambang bapak dan ibu) dan jenang palang (penolak marabahaya).   Tumpeng, berupa tumpeng lanang (lambang Yang Maha Agung) dan tumpeng wadon (lambang penghormatan pada leluhur) yang ukurannya lebih kecil.
e)      Ritual Besih Desa ini ditutup dengan pegelaran kesenian, biasanya adalah wayang kulit dengan lakon cerita “Makukuhani” atau “Sri Mulih” atau “Sri Boyong” yang mengisahkan legenda Dewi Sri sebagai lambang kemakmuran agar terus bersemayam di desa tersebut. Namun pagelaran kesenian ini di setiap daerah berbeda – beda.

E.     TATA KRAMA
Anjuran yang harus dilaksanakan yaitu dianjurkan memilih hari yang baik. Misalnya menurut adat jawa hari pelaksanaanya pun tidak sembarangan ditentukan, melainkan ada hari-hari tertentu di dalam kalender Jawa yang merupakan hari sakral untuk melaksanakan Ritual Bersih Desa.

F.     PENUTUP
Berdasarkan uraian di atas dapat disimpulkan bahwa manusia dan alam merupakan satu kesatuan. Hubungan dua elemen itu, seakan tak bisa lepas satu sama lain. Hubungan simbiosis keduanya pun menjadi keniscayaan. Namun, dalam perkembangan manusia modern, alam seakan menjadi objek untuk meneguhkan dan meneruskan kehidupan manusia. Alam yang rusak, sampah dimana-mana, berimplikasi kepada banyaknya bencana alam yang memakan banyak korban jiwa. Disinilah diperlukan kesadaran ekologis manusia untuk paham dengan alam. Manusia yang secara sadar peduli dengan alam. Yang menarik adalah, masyarakat kita, dahulu begitu menghargai alam. Hal ini terbukti dengan adanya ritual bersih desa, sebagai bentuk atau wujud penghormatan manusia terhadap alam.

Cerkak Bahasa Jawa "Getun Kebacut"



Getun Kebacut
(dening Indah Pratiwi puspitasari)

Angin semilir ngadhemke ati. Sore-sore lelungguhan ing ngarep omah, nyawang plataran kang resik. Dina iki Sari dheg-dhegan ngenteni pacare sing arep bali saka Bekasi. Pacare Sari jenenge Yudi, kakak kelase nalika SMP. Nanging Sari ora pernah ngerti Yudi nalika sekolah ing SMP kuwi.
Beda karo Yudi sing genah ngerti karo Sari. Ing SMP kuwi Sari melu kegiyatan-kegiyatan sing ana ing sekolahan. Sari uga melu organisasi-organisasi. Organisasine yaiku OSIS lan Pramuka. Sari uga pinter olahraga, sing paling utama yaiku volly. Sari uga bocah pinter, wajar yen Sari terkenal ing sekolahan kuwi.
Sari kenal karo Yudi kuwi ora sengaja. Nalika SMA, esuk-esuk wayah mangkat sekolah, Sari siap-siap nganggo jaket lan nganggo helm werna abu-abu. Sari sekolah numpak pit motor warna ireng ijo. Nalika mangkat, Sari nyalip wong lanang sing padha-padhane cah sekolah.
Nanging kayane wong lanang mau ora gelem disalip, dheweke nyalip Sari. Nalika wong lanang mau wis nyalip Sari, wong mau malah numpak motore mlaku alun-alun. Sari genti nyalip meneh. Wong loro kuwi salip-salipan nganti Sari tekan sekolahan. Jebule wong lanang mau sekolah ing cedhak sekolahane Sari.
Sari sekolah ing SMA, yen wong lanang mau sekolah ing SMK. Dina sateruse padha wae tetep salip-salipan. Sari rada nggumun, kok wong kuwi aneh. Plat motore wong lanang kuwi plat Jakartanan, Sari mikire wong kuwi pindahan saka Jakarta. Awan-awan sawise bali saka sekolahan, Sari menyang warnet karo Mbakyune.
Ing warnet Sari garap tugas lan facebookan. Nalika facebookan, enek sing ngajak kenalan. Sari njaluk pendapate Mbakyune.
          “Mbak, wong iki njaluk nomerku, diwenehi apa ora ya?”
          “Eh, kuwi kan kancaku pas SMP”
          “Wonge mbeling apa ora Mbak?”
          “Ora, wonge kuwi menengan, alim wonge. Yen arep pok wenehi nomer ya ora papa”
Sari menehi nomer hpne ing wong kuwi mau. Sawise tugase wis rampung digarap, Sari bali karo Mbakyune. Nalika wayah bengi, Sari entuk sms saka nomer anyar. Jebule kuwi mau nomere wong sing njaluk ing facebook mau. Sari smsan banjur kenalan, wong kuwi jenenge Yudi.
Yudi sekolah ing SMK cedhak sekolahe Sari. Banjur smsan terus lan jebule sing sering nyalipi Sari saben esuk kuwi ya Yudi. Kenalan banjur dadi kanca, lan suwe-suwe ana rasa tresna. Sari kelas sewelas, Yudi kelas rolas. Tibakne Sari karo Yudi kuwi sasekolahan pas SMP.
Sawise Yudi lulus, Yudi menyang Bekasi, dheweke kerja ing kana. Sari iseh sekolah kelas rolas. Yudi karo Sari iseh pacaran nganti Sari lulus sekolah. Sore kuwi Sari nunggu Yudi bali. Kangen pancen kangen amarga wis suwe ora ketemu. Mara-mara hnpne Sari muni, entuk telpon saka Yudi yen dheweke wis teka omah.
Sari lega lan ngucapake Alhamdulillah. Esuke Yudi mara ing omahe Sari. Sari ya wis adus, dandan ayu, wis siap dolan karo Yudi. Senenge ati ketemu karo wong sing ditresnani. Wong loro mau dolan bareng, jajan bareng, lan foto-foto bareng. Ora krasa wis sore, Yudi karo Sari bali.
Esuke maneh Yudi kudhu wis bali menyang Bekasi. Sari namung bisa dedunga supaya slamet tekan kana lan ora ana alangan apa-apa. Sasuwene pacaran, seneng lan susah dilewati bareng. Nanging, nalika hubungane mau wis arep ngancik telung taun, rasane kuwi wis bedha.
Yudi wis berubah, ora kaya Yudi sing mbiyen. Yudi wis mblenjani janji-janjine sing wis pernah diucapake marang Sari. Yudi sering gawe Sari nangis, amarga ing Bekasi Yudi senengane dolan lan foto bareng karo wong wedhok liya. Sari kuciwa lan rasane kaya wis ora percaya maneh karo Yudi.
Hubungane Sari karo Yudi mau akhire bubar. Nanging satenane Sari karo Yudi iseh pada-padane seneng. Rasa seneng karo rasa kuciwa iseh akeh rasa kuciwane. Kuwi sing dirasakake Sari nalika kuwi. Yudi katon getun kelangan Sari. Getun sagetun-getune, nanging kepiye maneh kabeh uwis kebacut.
Ibarate sega uwis dadi bubur.  Sasuwene kuwi, Sari kaya wedi arep cedhak karo wong lanang maneh. Sari nganggepe kabeh kuwi kanca. Amarga yen ana rasa sing luwih saka kanca kuwi, mesti lara atine. Sari wedi yen dilarani karo wong lanang maneh. Teka sakiki Sari luwih milih dhewe. Ora pacaran maneh lan mikir masa depane. Dheweke sawise lulus sekolah banjur kuliyah, pengen sukses supaya bisa gawe wong tuwane bangga lan seneng amarga prestasine.
(Cuthel)

Cerkak Bahasa Jawa "Tresna Ora Direstuni"



Tresna Ora Direstuni
(dening Indah Pratiwi Puspitasari)

Esuk-esuk srenginge njedhul saka wetan, Pita tangi banjur ndhelok tv. Bocah cilik, lucu, lan nggemeske. Ora krasa jame wis muter ing angka enem. Pita adus, dandan, sarapan banjur mangkat sekolah TK sing cedhak karo omahe. Mangkat mlaku karo kanca-kancane. Ing TK Pita awor karo mbak-mbake keponakan sing padha-padha sekolah ing kono. Jenenge Ita karo Puji, ing ngendi-ngendi bareng terus.
Dolanan bareng nganti teka gedhe. Nalika Pita kelas lima SD, Pita lagi pit-pitan karo mbakyune mau Ita karo Puji sing bedha kelas setaun karo dheweke. Mbakyune wis kelas enem. Nalika pit-pitan, wong telu kuwi mau ketemu karo sing jenenge Yudha. Yudha ngomong yen dheweke seneng karo Puji. Nanging Puji ora seneng karo Yudha. Banjur Yudha ngomong yen Puji ora seneng karo dheweke, Yudha gantian seneng karo Ita. Pita dlongap-dlongop mung bisa mlongo ngingeti kahanan ana ing kono.
“Aneh pancen aneh, seneng kuwi maksude apa? Perasaan seneng karo Puji, lha kok mara-mara seneng karo Ita, kok gampang men seneng iki maksude apa ta? Alah mbuh aku ora mudeng”, Pita ngomong ing njero ati.
Srenginge wes arep angslup. Pita, Ita, lan Puji mulih menyang omahe dhewe-dhewe. Rong taun kepungkur wayahe Pita mlebu ing SMP. Pita sekolah ing SMP sing sasekolahan karo Ita lan Puji. Nalika MOS (Masa Orientasi Siswa) Pita mulih awan, nanging sing kakak kelase uwis mulih dhisik. Nalika mulih, jebule Pita dienteni Yudha ing omahe kancane sing ora adoh karo SMP mau.
Yudha padha-padhane sekolah ing SMP kuwi. Jebule Yudha seneng karo Pita. Ora disadhari yen Pita ya pancen seneng karo Yudha wis suwe, nanging mung bisa meneng. Yudah lan Pita mulih mlaku bareng. Wektu terus mlaku nganti Pita kelas sanga. Ita, Puji, lan Yudha lulus saka SMP mau. Pita fokus karo sekolahe amarga dheweke wes kelas sanga, sing sedilut ngkas arep UN (ujian Nasional).
Nanging, pas kelas sanga kuwi Pita uga sithik-sithik mudheng apa kuwi tresna. Pas kelas sanga, Pita pacaran karo sing kancane sasekolahan, jenenge Dimas. Saben mulih sekolah, Pita lan Dimas metu saka sekolahan mlaku bareng uga karo kanca-kanca liyane. Nanging wayah arep ujian, Pita lan Dimas ana masalah lan akhire putus. Pita lan Dimas ora pernah takokan maneh. Wayah pengumuman kelulusan, Alhamdulillah Pita lulus lan oleh rangking siji sakelas.
Pita banjur nglanjutake sekolah ing kota sing favorit. Ing SMA, Pita oleh kanca anyar. Pita bocahe pinter lan apikan. Setaun wes kelewat, Pita munggah ing kelas sewelas. Nalika kelas sewelas iki, Pita cedhak maneh karo sing jenenge Yudha. Yudha sekolah ing SMK sing jarake adoh karo sekolahe Pita. Pita sekolah ing negeri, nanging Yudha sekolah Ing swasta. Rasa tresna sing kawit mbiyen dipendhem jerho-jerho dening Pita.
Rasa sing ora pernah kewales dening Yudha, sakiki bakal bisa kewales. Pita satenane tresn karo Yudha uwis suwe, uga Yudha satenane uga tresna karo Pita kawit Pita kelas pitu, pas iseh SMP. Pita lan Yudha padha-padha senenge. Dina minggu pas sekolahe prei, Yudha ngajak Pita dolan. Wong loro mau dolan bareng lan Yudha nyatakake rasa tresna sing ana ing atine marang Pita.
Pita nrima apa sing diungkapne Yudha. Yudha lan Pita akhire pacaran. Atine wong loro kuwi seneng banget. Apa sing dirasane wis suwe kuwi uwis kelakon lan keturutan. Yudha bisa nduweni Pita, lan Pita uga bisa nduweni Yudha. Saben sekolah mesthi kepethuk amarga sekolahe Pita kuwi nglewati sekolahane Yudha. Terkadhang wong loro kuwi mangkat bareng. Ing sekolahan Pita melu jam tambahan.
Saliyane jam tambahan, ing njobo sekolah saben bar sekolah, Pita uga melu Bimbel (Bimbingan Belajar). Saben bimbel, Yudha ora pernah ngeluh ngeterake Pita lan jemput Pita maneh yen wayahe Pita rampung olehe bimbel. Yudha wis kelas rolas, wayahe ujian lan siap-siap lulus. Yudha bocahe ya pinter uga gemati karo sapa wae. Rupane manis lan pipine dekik. Nalika uwis lulus, Yudha melu tes mlebu ing PT.
Akhire Yudha ketampa ing PT sing kerjane ana ing Jakarta. Pita lan Yudha ora bakal bisa bareng-bareng terus. Nalika Pita nampa rapot lan munggah ing kelas rolas, sawise acara kuwi Yudha lan Pita dolan bareng. Sore-sore lagi mulih. Ngepasi ana sing nduwe gawe ing desha, bengine Pita lan Yudha ketemu maneh. Yudha arep nyinom, nanging Pita ora mangkat nyinom. Pita kaya wong bingung lan susah nalika ketemu karo Yudha wayah wengi kuwi.
Yudha bingung karo Pita, ana apa sajake Pita kok katon sedhih. Jebule Pita ora direstui hubungane karo wong tuane Pita yen Pita pacaran karo Yudha. Wong loro mau meneng kabeh. Pita nangis ngomongake babagan kuwi mau lan Yudha ngelapi eluhe Pita sing mbrebes mili nelesi pipi. Yudha ngomong karo Pita yen dheweke bakal bahagiane Pita lan kudu bisa berjuang bareng-bareng kanggo njaluk restu ing wong tuwane Pita yen wayahe wis pas.
Dina esuke Yudha pamit marang Pita, yudha budhal menyang jakarta. Pita nangis ora lila yen ditinggal karo pacare kuwi. Pancen Pita wonge manja lan gembeng. Yudha ngleremake atine Pita banjur Yudha budhal menyang Jakarta. Pita iseh nangis terus sedina sewengi ora mangan ora ngombe. Saya suwe saya biyasa. Pita lan Yudha hubungan lewat Hp. Nanging saya suwe hubungane ora apik meneh amarga ora direstui mau.
Sing kawit cilik uwis tresna, uwis nyimpen rasa, nanging malah ora oleh restu saka wong tuwa. Pita manut karo Bapak lan Ibune. Hubungane karo Yudha akhire pedhot ya sing asline rasa kuwi iseh ana. Nanging ya kepiye maneh, restu wong tuwa kuwi paling penting. Mending saka sakiki pisah tinimbang saya suwe malah saya lara.
(Cuthel)