Kamis, 17 Desember 2015

Artikel Bahasa Jawa "Tradisi Nyadran di daerah Sragen"



Abstrak
Tradisi nyadran utawa bersih desa ing dhusun Gilis Kabupaten Sragen.
Indah Pratiwi Puspitasari
Bahasa dan Sastra Jawa, indahpratiwipus@yahoo.com, 085642456864
Bersih desa yaiku tradhisi turun temurun ing kebudayaan masyarakat. Ing Jawa khususe, ritual bersih desa wis dilakukake berabad-abad suwene. Ritual bersih dhesa ing jawa yaiku wujud bersatune manungsa karo alam. Ritual Bersih Desa bisa didefinisikake wujud rasa syukur warga desa amarga berkah sing diwenehake Gusti Allah marang masyarakat dhesa, saka asil panen, kesehatan, lan kesejahteraan sing wis dientukake sasuwene setaun lan uga dadi permohonan marang Kang Maha Kuwasa kanggo keslametan lan kesejahteraan warga dhesa kanggo setaun mengarep.
Kata kunci : tradisi ; nyadran

A.    Pendahuluan
Latar Belakang
Ora sadhar akeh sing wis ngalekake kearifan lokal sing ngembang ing panguripan masyarakat sing wis bertahan kanthi abad-abad suwene. Kabeh bakal ilang kanthi baka sithik namung ing itungan taun sawise ngalami gempuran budaya asing sing kuat.
Yen didhelok saka kamus Inggris – Indonesia, dadi pengertian kearifan lokal kuwi ana 2 tembung, yaiku kearifan (wisdom) lan lokal (local). Local sing artine setempat, uga wisdom padha karo kewicaksanaan. Mangkono iku bisa dipahami, pengertian kearifan lokal yaiku gagasan-gagasan utawa nilai-nilai, pandangan-pandangan satempat utawa (lokal) sing sifate wicaksana, kebak kewicaksanaan, nduweni nilai kang apik sing ketanem lan dieluni anggota masyarakate. Salah siji bentuk kawicaksanaan lokal sing sasuwene iki ngembang berabad-abad ing masyarakat Jawa yaiku budaya Bersih Dhesa. Tulisan iki dikarepake bisa nyadharake maneh pentinge jaga kawicaksanaan lokal warisan para leluhur.

Rumusan Masalah
Kabupaten Sragen yaiku salah siji kaabupaten ing propinsi Jawa Tengah. Secara geografis Kabupaten Sragen ana ing perbatasan antarane Jawa Tengah lan Jawa Timur. Bates-bates wilayah Kabupaten Sragen:
Sebelah Wetan            Kabupaten Ngawi (propinsi Jawa Timur)
Sebelah Kulon             Kabupaten Boyolali
Sebelah Kidul             Kabupaten Karanganyar
Sebelah Lor                 Kabupaten Grobogan
Luas wilayah Kabupaten Sragen yaiku 941,55 km2 sing dibagi ing 20 kecamatan, 8 kalurahan, lan 200 dhesa. Secara fisiologis, wilayah Kabupaten Sragen dibagi :              
40.037,93 Ha(42,52%)
Lahan basah(sawah)
54.117,88 Ha(57,48%)
Lahan kering
Kabupaten Sragen manggon ing:  7 º 15 LS dan 7 º 30 LS   110 º 45 BT dan 111 º 10 BT
Wilayah Kabupaten Sragen ana ing dataran sing dhuwure  rata-rata 109 M ing nduwur permukaan laut. Sragen nduweni iklim tropis karo suhu padinan sing kira-kira 19-31 º C. Curah udan rata-rata ing ngisor 3000mm per taun karo dina udan ing ngisor 150 dina per taun.
Jumlah penduduk Sragen berdasarke data taun 2005 sejumlah 865.417 jiwa, terdiri saka 427.253 penduduk pria lan 438.164 penduduk wanita. Kepadetan penduduk rata-rata 919 jiwa/km2.
Luas Wilayah : 94.155 Ha
Luas Sawah     : 40.129 Ha
Lemah Garing : 54.026 Ha
Lan dibagi dadi 2 bagian, yaiku :
a.       Sebelah Kidul Bengawan Solo :
-          Luas Wilayah : 32.760 ha (34,79 %)
-          Lemah Sawah   : 22.027 ha (54,85 %)
       (9 Kec. 88 Desa & Kelurahan)
b.      Sebelah Lor Bengawan Solo :
-          Luas Wilayah : 61.395 ha (65,21 %)
-          Lemah Sawah             : 18.102 ha (45,15 %)
       (11 Kec. 120 Desa)   
Pembagian administratif
Kecamatan: yaiku pembagiyan wilayah administratif ing Indonesia ing ngisor kabupaten utawa kota. Kecamatan terdiri saka dhesa-dhesa utawa kelurahan-kelurahan.
Kabupaten Sragen terdiri saka 20 kecamatan, sing dibagi meneh saka sejumlah 208 dhesa lan kelurahan. Pusat pemerintahan ana ing Kecamatan Sragen.
Kahanan Alam ing Kabupaten Sragen nduweni relief sing maneka warna, ana dhaerah pegunungan kapur sing mbenthang  saka wetan menyang kulon manggon ing sebelah lor bengawan Solo lan dataran rendah sing kesebar ing kabeh Kabupaten Sragen, karo jenis lemah : gromusol, alluvial, regosol, latosol danmediteran.
Klimatologi Kabupaten Sragen nduweni iklim tropis lan temperatur  sedengan karo cruah udan rata-rata ing ngisor 3.000 mm/taun lan dina udan sing rata-ratane ing ngisor 150 dina/taun.
• Luas wilayah Kecamatan Tangen yaiku 5.513 Ha, terdiri saka 7 Desa, 80 Dukuh, 164 RT.
• Jumlah penduduk akhir Juni 2007 yaiku 27.777 jiwa ( L : 13.696 dan P : 14.081).
Kecamatan Tangen manggon ing sebelah lor ibukota Kabupaten Sragen, jarake 16 Km saka ibukota Kabupaten Sragen lan 45 Km saka Kota Solo, lan ana ing 196 m ing dhuwur permukaan banyu laut.

Landasan Teoritis
Tradisi
Tradisi menurut Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI) yaiku adat kebiasaan turun-temurun (saka nenek moyang) sing iseh dijalanke ing masyarakat. Tradisi (Bahasa Latin: traditio, "diterusake") utawa kebiasaan, ing pengertian sing paling sederhana yaiku sesuatu sing wis dilakukake kanggo wis suwe lan dadi bagian saka kauripan suwatu kelompok masyarakat, biasane saka suwatu negara, kebudayaan, wektu, utawa agama sing padha. Hal sing paling mendasar saka tradisi yaiku eneke informasi sing diterusake saka generasi menyang generasi kanthi tertulis utawa (paling sering) lisan, amarga tanpa anane iki, suwatu tradisi bisa punah.

Nyadran
Bersih desa yaiku tradhisi turun temurun ing kebudayaan masyarakat. Ing Jawa khususe, ritual bersih desa wis dilakukake berabad-abad suwene. Ritual bersih dhesa ing jawa yaiku wujud bersatune manungsa karo alam. Ritual Bersih Desa bisa didefinisikake wujud rasa syukur warga desa amarga berkah sing diwenehake Gusti Allah marang masyarakat dhesa, saka asil panen, kesehatan, lan kesejahteraan sing wis dientukake sasuwene setaun lan uga dadi permohonan marang Kang Maha Kuwasa kanggo keslametan lan kesejahteraan warga dhesa kanggo setaun mengarep.

B.     Metode Observasi
Metode sing digunakake yaiku metode wawancara. Ana uga babagan sing ditakokake yaiku tentang prosesi tradisi nyadran atau bersih dhesa kuwi dilakokake.

C.    Hasil dan Pembahasan
Manungsa lan alam yaiku siji kesatuan. Hubungan loro elemen iku, kaya ora bisa ucul siji karo liyane. Hubungan simbiosis kelorone uga dadi keniscayaan. Nanging, ing perkembangan manungsa modern, alam kaya dadi obyek kanggo neguhake lan nerusake kauripan manungsa. Alam sing rusak, sampah ing ngendi-ngendi, ngimplikasi karo akehe bencana alam sing mangan akeh korban jiwa.
Ing kene diperlukake kesadharan ekologis manungsa kanggo paham karo alam. Manungsa sing sadhar peduli karo alam. Sing menarik yaiku, masyarakat kita, biyen padha ngajeni alam. Babagan iki kebukti saka eneke ritual bersih dhesa, sing dadi bentuk utawa wujud penghormatan manungsa marang alam.
Sing menarik, relasi kauripan masyarakat jawa karo alam kebina bathet. Kauripan masyarakat jawa, bathet hubungane karo alam kayata petani, peternak lan saliyane. Petani urip saka alam. Para petani ngolah alam, kanggo ngasilake bahan panganan.
Banjur, kauripan sing selaras iki bisa nguatake sensifitas spiritual. Masyarakat jawa pancen urip ing tengah maneka simbolisme, sing dadi wujud spiritual. Kepercayaan karo sesuwatu “ing njaba” manungsa iki sing munculake simbol-simbol sing mampu jaga relasi hubungan manungsa karo alam. Salah sijine yaiku ritual bersih desa.
Ritual Bersih Desa dhewe biasane dilaksanakake pisan saben setaun sawise panen teka lan tradisi iki wis dilakukake kanthi turun-temurun saka jaman nenek moyang.
Description: Nyadran
Gambar 1. Prosesi Nyadran
Ana uga tata cara tradisi nyadran antarane yaiku :
1.      Ritual Bersih Desa dhewe ana saka maneka tahapan, diwiwiti karo kerja bakti ngresiki lingkungan sing dilakokake kabeh warga dhusun Gilis saka mbenerake dalan utawa gang-gang, kalenan, pos ronda supaya katon rapi lan resik. Saliyane kuwi biasane warga uga ngresiki makam-makam sing dianggap kramat, utamane makam-makam leluhur, sosok utawa tokoh sing pernah dadi panutan masyarakat setempat. Tujuan liya yaiku kanggo ngresiki alangan utawa kesusahan sing ana (resik sukerta/sesuker) supaya kauripan kabeh warga tenang lan tenteram.
2.      Kegiatan iki banjur dilanjutake karo persiapan upacara adat sing dilaksanakake kanggo wujud syukur lan permohonan marang Tuhan YME amarga kesejahteraan lan kesehatan sing diwenehake marang warga dhusun Gilis.
3.      Kegiatan iki biasane diwenehi karo kirab yaiku iring-iringan sing nganggo mlakune upacara adat nuju panggon sing dianggep kramat lan uga digawa sesaji sing asale saka asil panen warga dhusun Gilis sing disembahake marang leluhur sing adi simbol kesejahteraan sing diolehake sasuwene setaun.
4.      Ana uga sesaji sing dadi bagian saka kegiyatan upacara adat iki bakal dibagikake utawa direbutake marang warga dhusun Gilis sing percaya yen sesaji kuwi bisa nekakake berkah. Umume sesaji sing digunakake kayata Sega Gurih, dadi persembahan kanggo para leluhur. Ingkung, dadi lambang manungsa rikala isih bayi lan dadi lambang kepasrahan marang Sing Maha Agung. Jajan Pasar, dadi lambang supaya masyarakat entuk berkah. Pisang Raja, dadi lambang pangarepan supaya entuk kamulyan ing mangsa urip. Sega Ambengan, dadi ungkapan syukur saka rejeki saka Sing Maha Agung. Jenang, arupa jenang abang putih (lambang bapak lan ibu) lan jenang palang (penolak marabahaya).   Tumpeng, arupa tumpeng lanang (lambang Yang Maha Agung) dan tumpeng wadon (lambang penghormatan pada leluhur) sing ukurane luwih cilik.
5.      Ritual Besih Desa iki ditutup karo pegelaran kesenian, biasane yaiku wayang kulit sing lakon ceritane “Makukuhani” utawa “Sri Mulih” utawa “Sri Boyong” sing ngisahake legenda Dewi Sri dadi lambang kemakmuran supaya terus bersemayam ing dhesa tersebut. Nanging pagelaran kesenian iki ing saben dhaerah bedha-bedha.



D.    Penutup
Simpulan
Berdasarke uraian ing dhuwur bisa disimpulake yen manungsa lan alam yaiku siji kesatuan. Hubungan loro elemen iku, kayata ora bisa ucul siji karo liyane. Hubungan simbiosis kelorone uga dadi keniscayaan. Sing menarik yaiku, masyarakat kita, mbiyen ngajeni banget alam. Babagan iki kebukti merga eneke ritual bersih dhesa, sing dadi bentuk utawa wujud penghormatan manungsa marang alam.
Saran
Nanging, ing perkembangan manungsa modern, alam kaya dadi obyek kanggo neguhake lan nerusake kauripan manungsa. Alam sing rusak, sampah ing ngendi-ngendi, ngimplikasi karo akehe bencana alam sing mangan akeh korban jiwa. Ing kene diperlukake kesadharan ekologis manungsa kanggo paham karo alam. Manungsa sing sadhar peduli karo alam. Kita generasi mudha kudu tetep nglestarikake tradhisi nyadran.



DAFTAR PUSTAKA

Tidak ada komentar:

Posting Komentar