Getun Kebacut
(dening Indah Pratiwi
puspitasari)
Angin semilir ngadhemke ati. Sore-sore
lelungguhan ing ngarep omah, nyawang plataran kang resik. Dina iki Sari
dheg-dhegan ngenteni pacare sing arep bali saka Bekasi. Pacare Sari jenenge
Yudi, kakak kelase nalika SMP. Nanging Sari ora pernah ngerti Yudi nalika
sekolah ing SMP kuwi.
Beda karo Yudi sing genah ngerti karo
Sari. Ing SMP kuwi Sari melu kegiyatan-kegiyatan sing ana ing sekolahan. Sari
uga melu organisasi-organisasi. Organisasine yaiku OSIS lan Pramuka. Sari uga
pinter olahraga, sing paling utama yaiku volly. Sari uga bocah pinter, wajar
yen Sari terkenal ing sekolahan kuwi.
Sari kenal karo Yudi kuwi ora sengaja. Nalika
SMA, esuk-esuk wayah mangkat sekolah, Sari siap-siap nganggo jaket lan nganggo
helm werna abu-abu. Sari sekolah numpak pit motor warna ireng ijo. Nalika
mangkat, Sari nyalip wong lanang sing padha-padhane cah sekolah.
Nanging kayane wong lanang mau ora
gelem disalip, dheweke nyalip Sari. Nalika wong lanang mau wis nyalip Sari,
wong mau malah numpak motore mlaku alun-alun. Sari genti nyalip meneh. Wong
loro kuwi salip-salipan nganti Sari tekan sekolahan. Jebule wong lanang mau
sekolah ing cedhak sekolahane Sari.
Sari sekolah ing SMA, yen wong lanang
mau sekolah ing SMK. Dina sateruse padha wae tetep salip-salipan. Sari rada
nggumun, kok wong kuwi aneh. Plat motore wong lanang kuwi plat Jakartanan, Sari
mikire wong kuwi pindahan saka Jakarta. Awan-awan sawise bali saka sekolahan,
Sari menyang warnet karo Mbakyune.
Ing warnet Sari garap tugas lan
facebookan. Nalika facebookan, enek sing ngajak kenalan. Sari njaluk pendapate
Mbakyune.
“Mbak,
wong iki njaluk nomerku, diwenehi apa ora ya?”
“Eh,
kuwi kan kancaku pas SMP”
“Wonge
mbeling apa ora Mbak?”
“Ora,
wonge kuwi menengan, alim wonge. Yen arep pok wenehi nomer ya ora papa”
Sari menehi nomer hpne ing wong kuwi
mau. Sawise tugase wis rampung digarap, Sari bali karo Mbakyune. Nalika wayah
bengi, Sari entuk sms saka nomer anyar. Jebule kuwi mau nomere wong sing njaluk
ing facebook mau. Sari smsan banjur kenalan, wong kuwi jenenge Yudi.
Yudi sekolah ing SMK cedhak sekolahe
Sari. Banjur smsan terus lan jebule sing sering nyalipi Sari saben esuk kuwi ya
Yudi. Kenalan banjur dadi kanca, lan suwe-suwe ana rasa tresna. Sari kelas
sewelas, Yudi kelas rolas. Tibakne Sari karo Yudi kuwi sasekolahan pas SMP.
Sawise Yudi lulus, Yudi menyang Bekasi,
dheweke kerja ing kana. Sari iseh sekolah kelas rolas. Yudi karo Sari iseh
pacaran nganti Sari lulus sekolah. Sore kuwi Sari nunggu Yudi bali. Kangen
pancen kangen amarga wis suwe ora ketemu. Mara-mara hnpne Sari muni, entuk
telpon saka Yudi yen dheweke wis teka omah.
Sari lega lan ngucapake Alhamdulillah.
Esuke Yudi mara ing omahe Sari. Sari ya wis adus, dandan ayu, wis siap dolan
karo Yudi. Senenge ati ketemu karo wong sing ditresnani. Wong loro mau dolan
bareng, jajan bareng, lan foto-foto bareng. Ora krasa wis sore, Yudi karo Sari
bali.
Esuke maneh Yudi kudhu wis bali menyang
Bekasi. Sari namung bisa dedunga supaya slamet tekan kana lan ora ana alangan
apa-apa. Sasuwene pacaran, seneng lan susah dilewati bareng. Nanging, nalika
hubungane mau wis arep ngancik telung taun, rasane kuwi wis bedha.
Yudi wis berubah, ora kaya Yudi sing
mbiyen. Yudi wis mblenjani janji-janjine sing wis pernah diucapake marang Sari.
Yudi sering gawe Sari nangis, amarga ing Bekasi Yudi senengane dolan lan foto
bareng karo wong wedhok liya. Sari kuciwa lan rasane kaya wis ora percaya maneh
karo Yudi.
Hubungane Sari karo Yudi mau akhire
bubar. Nanging satenane Sari karo Yudi iseh pada-padane seneng. Rasa seneng
karo rasa kuciwa iseh akeh rasa kuciwane. Kuwi sing dirasakake Sari nalika
kuwi. Yudi katon getun kelangan Sari. Getun sagetun-getune, nanging kepiye
maneh kabeh uwis kebacut.
Ibarate sega uwis dadi bubur. Sasuwene kuwi, Sari kaya wedi arep cedhak karo
wong lanang maneh. Sari nganggepe kabeh kuwi kanca. Amarga yen ana rasa sing
luwih saka kanca kuwi, mesti lara atine. Sari wedi yen dilarani karo wong
lanang maneh. Teka sakiki Sari luwih milih dhewe. Ora pacaran maneh lan mikir
masa depane. Dheweke sawise lulus sekolah banjur kuliyah, pengen sukses supaya
bisa gawe wong tuwane bangga lan seneng amarga prestasine.
(Cuthel)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar