KASETYAN
Dening : Indah Pratiwi Puspitasari
Ora
ngerti anggonmu ing ngendi
Nanging
sliramu tetep ana ing ati iki
Esuk,
awan, bengi…
Ora
kesel mikir awakmu kuwi
Yen kelingan esemmu
Yen kelingan guyonmu
Marai ora bisa turu
Tak
enteni kabarmu
Tak
enteni tekamu
Sabar,
kudu sabar anggonku nunggoni
Nanging, nganti mbesuk kapan anggonku
ngenteni
Kapan kowe bali?
Aku setya nunggu balimu…
Tidak ada komentar:
Posting Komentar