Sabtu, 12 Desember 2015

Geguritan : Kangen



KANGEN
Dening : Indah Pratiwi Puspitasari

Rina wengi tansah tak wanti-wanti
Nyawang langit kanggo tombo kangen ing ati
Sakjane namung siji
Angen-angenku sing tak nduweni
Kapan to kapan…
Kapan anggonku bisa ketemu sliramu
Kapan bisa nyawang manis esemmu
Kapan bisa gegojekan karo awakmu
Aku namung bisa ngarep-arep
Namung bisa dedunga
Mugi-mugi saged kepethuk
Kepethuk kanggo tombo kangen ing ati iki

Tidak ada komentar:

Posting Komentar