Kamis, 17 Desember 2015

Cerkak Bahasa Jawa "Ngeyel Gawa Petaka"


Ngeyel Gawa Petaka
Dening : Indah Pratiwi Puspitasari

Srenginge wes njedhul, swara manuk padha saut-sautan. Swarane ibuk nyaring gugah aku. Wayah esuk tangi, sholat subuh lan siap-siap sekolah. Ora lali sarapan banjur pamit karo bapak lan ibuk. Mangkat sekolah kanthi ati-ati, numpak pit montor sing tak nduweni. Saben dalan ora luput nyebutake istighfar.
Setengah jam banjur teka sekolahan. Mlebu gerbang kapisan banjur mandhek lan nyopot jaket. Sawise nyopot jaket banjur mlebu gerbang kapindho lan mlebu parkiran sekolah. Parkirane wes lumayan rame, aku mlaku menyang kelas sing ana ing paling pojok. Kelas XII IPS 1 sing paling jembar panggone.
Bel tandane mlebu kelas muni, murid-murid padha mlebu ing kelase dhewe-dhewe. Ora krasa jam pelajaran dina sebtu iki wes entek. Wayahe mulih menyang omah. Dina sebtu kuwi beda karo dina liyane amarga jam pelajarane namung tekan jam 12.00. Nalika tekan omah, aku langsung nyopot helm, jaket, sepatu, lan ganti klambi.
“Buk… buk.. ibuk…” kebiasaanku yen lagi saka ngendi wae mesti nggoleki ibuk.
“iya ana apa tha ndhuk” wangsulane ibuk
“hehe mboten napa-napa buk” wangsulanku marang ibuk karo mesam-mesem. Banjur aku dikongkon Ibuk maem. Sawise maem, aku sholat dhuhur. Bubar sholat aku turon ing ngarep tv. Jam wis nunjukake ing angka loro, tandhane aku kudu cepet-cepet adhus. Jam setengah telu dandan lan siap-siap les ing GO.
Dina kuwi Bapak karo Ibuk arep nyumbang ing Rembang. Ing omahe sedulurku. Ibuk wes ngomongi yen aku ora oleh les. Nanging aku tetep wae ngeyel.
“ndhuk, dina iki ora usah mangkat les wae ya, mendhung.” Ibuk ngandani aku.
“les niku seneng buk, ketemu kalih kanca-kanca. Kan kula mpun dangu mboten les wonten GO.”
“mengko bapak karo ibuk nyumbang ing Rembang, sing ati-ati ya ndhuk.”
“inggih buk.”
Aku pamit marang ibuk sekitar jam setengah telu. Jam telu aku tekan ing nggon les-lesan. Aku ketemu kanca-kancaku. Rasane kangen wes suwe ora ngumpul bareng, ora gegojekan bareng. Dina kuwi pas aku mlebu les, ngepasi tryout GO utawa latihan ujian kanggo persiapan ujian nasional. Olehku les saka jam 3 teka jam enem.
Nalika metu saka ruwangan, tibake langite mendhung lan angine rada banter. Aku langsung mulih mumpung durung udan. Satekane ing pom bensin, aku mbelok mampir ing pom lan ngisi bensin. Pas ngisi bensin, mara-mara udan. Petugas pom ngomongi aku yen dikon ngiyup dhisik. Nanging aku tetep wae nekad mulih lan nganggo mantol dhisik ing kono.
Dalane sepi, peteng ndedhet, udane deres banget lan bledheke jedhar-jedher. Ing mburiku ana motor siji ya padha-padhane nekat udan-udanan. Ing dalan donga ra uwis-uwis, donga njaluk keslametan. Durung nganti tekan omah, mara-mara aku tibo. Ora ngrti gara-garane apa, semprepet peteng kabeh.
Aku krasa kaya ditulungi bapak-bapak, nanging rasane kaya ngimpi. Ngerti-ngerti aku wes ing teras omahe wong. Aku diwenehi banyu segelas, tak ombe sithik banjur tak grujukake tanganku sing lecet nganti wernane ketok putih-putih. Rasane perih senat-senut lan kebak lemah sing kelet ing tangan.
Tak rasa-rasane sirah lan raiku lara. Jebule ya lecet lan gosong ing cedhak mripat. Irungku mili getih lan lambeku ya padha wae getihen. Untuku rasane njarem lara kabeh. Ora ngira yen motor sing ing mburiku mau ya tiba. Nanging ora apa-apa, mas-mase sing tiba kuwi mung nratap kaget.
Untunge ya ora nabrak aku. Mas-mas sing ing mburiku banjur mulih. Nanging aku ora bisa mulih dhewe, awakku lara lan tanganku lecet. Motorku kaca spione pecah lan nggon sisih ngarep padha sempal. Aku nelpon masku. Namung masku sing ana ing omah. Nanging telponku ora diangkat.
Mara-mara ana mas-mas teka ing omahe wong sing nulungi aku kuwi, ndhelok kahanan sing ana. Banjur aku diterake mulih lan pitku tak tinggal ing omah kuwi. Turut dalan aku ngempet lara. Satekane omah, aku dipasrahake marang masku. Mas-mas mau ngomong yen aku bar tiba. Aku banjur salin lan mlebu kamar.
Jebule tak deloki awakku akeh sing lecet, lan muntah-muntah terus. Masku langsung ing apotik tuku obat kanggo aku, raiku, tangan, lan sikil diobati. Banjur aku ditinggal sedilut njupuk motorku sing tak tinggal ing omahe wong sing nulungi aku mau. Uwes wengi, lampu kamar dipateni ben aku turu. Nanging aku ora bisa turu nganti tekan esuk.
Lara pancen lara apa sing tak rasakake. Bapak lan ibuk tengah wengi kae lagi tekan omah. Nanging sengaja ora tak kabari amarga aku lan masku ora kepengin bapak lan ibuk panik. Esuk-esuk masku lg ngomong ing ibukku yen aku tiba. Ibukku langsung ing kamarku. Ibuk ing sampingku ngingeti kahanan awakku.
Aku nangis ngempet lara. Aku ora mlebu sekolah telung dina. Biyasane sekolah mangkat dhewe, nanging iki diterake lan dijemput. Aku ora bisa nulis nganti sesasi. Sing biyasane aku mesti entuk rangking. Gara-gara tiba kuwi aku dadi ora entuk rangking. Ya nasibe lagi ala. Lan kuwi salah sijine alesan yen ora manut karo wong tuwa, utamane ibuk mesti bakal ana kedadeyan sing ora-ora.
Niyate sakjane ya apik, arep les ben pinter. Nanging ngendikane ibuk kuwi paling manjur. Saka kedadeyan kuwi, sakiki aku luwih ngati-ati lan manut karo apa sing diucapne ibuk.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar