Tresna Ora Direstuni
(dening Indah Pratiwi
Puspitasari)
Esuk-esuk srenginge
njedhul saka wetan, Pita tangi banjur ndhelok tv. Bocah cilik, lucu, lan
nggemeske. Ora krasa jame wis muter ing angka enem. Pita adus, dandan, sarapan
banjur mangkat sekolah TK sing cedhak karo omahe. Mangkat mlaku karo
kanca-kancane. Ing TK Pita awor karo mbak-mbake keponakan sing padha-padha
sekolah ing kono. Jenenge Ita karo Puji, ing ngendi-ngendi bareng terus.
Dolanan bareng nganti
teka gedhe. Nalika Pita kelas lima SD, Pita lagi pit-pitan karo mbakyune mau
Ita karo Puji sing bedha kelas setaun karo dheweke. Mbakyune wis kelas enem.
Nalika pit-pitan, wong telu kuwi mau ketemu karo sing jenenge Yudha. Yudha
ngomong yen dheweke seneng karo Puji. Nanging Puji ora seneng karo Yudha.
Banjur Yudha ngomong yen Puji ora seneng karo dheweke, Yudha gantian seneng
karo Ita. Pita dlongap-dlongop mung bisa mlongo ngingeti kahanan ana ing kono.
“Aneh pancen aneh,
seneng kuwi maksude apa? Perasaan seneng karo Puji, lha kok mara-mara seneng
karo Ita, kok gampang men seneng iki maksude apa ta? Alah mbuh aku ora mudeng”,
Pita ngomong ing njero ati.
Srenginge wes arep
angslup. Pita, Ita, lan Puji mulih menyang omahe dhewe-dhewe. Rong taun
kepungkur wayahe Pita mlebu ing SMP. Pita sekolah ing SMP sing sasekolahan karo
Ita lan Puji. Nalika MOS (Masa Orientasi Siswa) Pita mulih awan, nanging sing
kakak kelase uwis mulih dhisik. Nalika mulih, jebule Pita dienteni Yudha ing
omahe kancane sing ora adoh karo SMP mau.
Yudha padha-padhane
sekolah ing SMP kuwi. Jebule Yudha seneng karo Pita. Ora disadhari yen Pita ya
pancen seneng karo Yudha wis suwe, nanging mung bisa meneng. Yudah lan Pita
mulih mlaku bareng. Wektu terus mlaku nganti Pita kelas sanga. Ita, Puji, lan
Yudha lulus saka SMP mau. Pita fokus karo sekolahe amarga dheweke wes kelas
sanga, sing sedilut ngkas arep UN (ujian Nasional).
Nanging, pas kelas
sanga kuwi Pita uga sithik-sithik mudheng apa kuwi tresna. Pas kelas sanga,
Pita pacaran karo sing kancane sasekolahan, jenenge Dimas. Saben mulih sekolah,
Pita lan Dimas metu saka sekolahan mlaku bareng uga karo kanca-kanca liyane.
Nanging wayah arep ujian, Pita lan Dimas ana masalah lan akhire putus. Pita lan
Dimas ora pernah takokan maneh. Wayah pengumuman kelulusan, Alhamdulillah Pita
lulus lan oleh rangking siji sakelas.
Pita banjur nglanjutake
sekolah ing kota sing favorit. Ing SMA, Pita oleh kanca anyar. Pita bocahe pinter
lan apikan. Setaun wes kelewat, Pita munggah ing kelas sewelas. Nalika kelas
sewelas iki, Pita cedhak maneh karo sing jenenge Yudha. Yudha sekolah ing SMK
sing jarake adoh karo sekolahe Pita. Pita sekolah ing negeri, nanging Yudha
sekolah Ing swasta. Rasa tresna sing kawit mbiyen dipendhem jerho-jerho dening
Pita.
Rasa sing ora pernah
kewales dening Yudha, sakiki bakal bisa kewales. Pita satenane tresn karo Yudha
uwis suwe, uga Yudha satenane uga tresna karo Pita kawit Pita kelas pitu, pas
iseh SMP. Pita lan Yudha padha-padha senenge. Dina minggu pas sekolahe prei,
Yudha ngajak Pita dolan. Wong loro mau dolan bareng lan Yudha nyatakake rasa
tresna sing ana ing atine marang Pita.
Pita nrima apa sing
diungkapne Yudha. Yudha lan Pita akhire pacaran. Atine wong loro kuwi seneng
banget. Apa sing dirasane wis suwe kuwi uwis kelakon lan keturutan. Yudha bisa
nduweni Pita, lan Pita uga bisa nduweni Yudha. Saben sekolah mesthi kepethuk
amarga sekolahe Pita kuwi nglewati sekolahane Yudha. Terkadhang wong loro kuwi
mangkat bareng. Ing sekolahan Pita melu jam tambahan.
Saliyane jam tambahan,
ing njobo sekolah saben bar sekolah, Pita uga melu Bimbel (Bimbingan Belajar).
Saben bimbel, Yudha ora pernah ngeluh ngeterake Pita lan jemput Pita maneh yen
wayahe Pita rampung olehe bimbel. Yudha wis kelas rolas, wayahe ujian lan siap-siap
lulus. Yudha bocahe ya pinter uga gemati karo sapa wae. Rupane manis lan pipine
dekik. Nalika uwis lulus, Yudha melu tes mlebu ing PT.
Akhire Yudha ketampa
ing PT sing kerjane ana ing Jakarta. Pita lan Yudha ora bakal bisa
bareng-bareng terus. Nalika Pita nampa rapot lan munggah ing kelas rolas,
sawise acara kuwi Yudha lan Pita dolan bareng. Sore-sore lagi mulih. Ngepasi
ana sing nduwe gawe ing desha, bengine Pita lan Yudha ketemu maneh. Yudha arep
nyinom, nanging Pita ora mangkat nyinom. Pita kaya wong bingung lan susah
nalika ketemu karo Yudha wayah wengi kuwi.
Yudha bingung karo
Pita, ana apa sajake Pita kok katon sedhih. Jebule Pita ora direstui hubungane
karo wong tuane Pita yen Pita pacaran karo Yudha. Wong loro mau meneng kabeh.
Pita nangis ngomongake babagan kuwi mau lan Yudha ngelapi eluhe Pita sing
mbrebes mili nelesi pipi. Yudha ngomong karo Pita yen dheweke bakal bahagiane
Pita lan kudu bisa berjuang bareng-bareng kanggo njaluk restu ing wong tuwane
Pita yen wayahe wis pas.
Dina esuke Yudha pamit
marang Pita, yudha budhal menyang jakarta. Pita nangis ora lila yen ditinggal
karo pacare kuwi. Pancen Pita wonge manja lan gembeng. Yudha ngleremake atine
Pita banjur Yudha budhal menyang Jakarta. Pita iseh nangis terus sedina sewengi
ora mangan ora ngombe. Saya suwe saya biyasa. Pita lan Yudha hubungan lewat Hp.
Nanging saya suwe hubungane ora apik meneh amarga ora direstui mau.
Sing kawit cilik uwis
tresna, uwis nyimpen rasa, nanging malah ora oleh restu saka wong tuwa. Pita
manut karo Bapak lan Ibune. Hubungane karo Yudha akhire pedhot ya sing asline
rasa kuwi iseh ana. Nanging ya kepiye maneh, restu wong tuwa kuwi paling
penting. Mending saka sakiki pisah tinimbang saya suwe malah saya lara.
(Cuthel)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar