GODHONG
INGKANG TIBA
Dening : Indah Pratiwi Puspitasari
Semilir
angin kang tansah gawe adem ing ati
Gawa
godhong ingkang tiba saka wit
Wit
dhuwur rembuyung ngawe-ngawe
Nibakake
godhonge kanthi siji baka siji
Godhong
mabur saka dhuwur
Medhun
mengisor tiba ana ing ndhuwur lemah
Angin..
Saya banter angin
Saya akeh godhong kang tiba
Gogrog mengisor kayata udan lan
ngregeti plataran
Senajan ngregeti plataran
Ananging tibamu ana gunane
Guna kang bisa didadekake pupuk
Godhong
kang tiba..
Senajan
umurmu wes tuwa
Wes
tuwa ing sajroning godhong kang liyane
Warnamu
soklat, warnamu uga kuning
Tibamu
kanthi alun-alun kelakon
Tidak ada komentar:
Posting Komentar