Sabtu, 12 Desember 2015

Geguritan : Umpama Kembang



UMPAMA KEMBANG
Dening : Indah Pratiwi Puspitasari

Kembang kuwi endah yen mekar
Nanging elek lan diguwak nalika alum
Mekare katon nyenengake disawang
Nanging lara ing tangan yen kena eri
Mangsa susah iya medeni
Nanging sesok durung mesti ala
Tresna kuwi angel nanging ya gampang
Kudu dijaga lan aja digawe lara

Tidak ada komentar:

Posting Komentar