Sabtu, 12 Desember 2015

Geguritan : Pangarep-arep



PANGAREP-AREP
Dening : Indah Pratiwi Puspitasari

Dilairake saka kaluwarga sing gemati
Cilik teka gedhe ditresnani
Dididik kanthi premati
Supaya bisa dadi manungsa kang ngabdi
Ngabdi marang bapak lan ibune
Ngabdi marang agamane
Lan uga ngabdi marang bangsane
Sejatine wong tuwa namung pengen siji
Putrane bisa dadi tuladha
Tuladha ingkang sae marang bangsa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar