UDAN
Dening : Indah Pratiwi Puspitasari
Angin
kang semilir ngademake ati
Banyu
kang netes nelesi plataran iki
Adem
semribit gawe ati iki ayem tentrem
Udan..
Tekamu tak enteni
Panas kang ngrembes ing awak
Panas kang gawe garinge sumber banyu
Panas kang gawe susah
Kabeh kuwi dadi adem amarga tekamu
Udan…
Pancen
gawe adem ing ati
Gawe
adem ing hawa
Uga
gawe tentrem ing jiwa
👍👍👍
BalasHapusBagus puisinya
BalasHapusbagus banget aku suja aku suka
BalasHapus