Sabtu, 12 Desember 2015

Geguritan : Udan



UDAN
Dening : Indah Pratiwi Puspitasari

Angin kang semilir ngademake ati
Banyu kang netes nelesi plataran iki
Adem semribit gawe ati iki ayem tentrem
Udan..
Tekamu tak enteni
Panas kang ngrembes ing awak
Panas kang gawe garinge sumber banyu
Panas kang gawe susah
Kabeh kuwi dadi adem amarga tekamu
Udan…
Pancen gawe adem ing ati
Gawe adem ing hawa
Uga gawe tentrem ing jiwa

3 komentar: